Pituturing Urip Mbah Kakung

Putuku bocah bagos, podo gatekno pituturing urip.. Simbah arep paring sangu nggo koe kabeh, mumpung Gusti isih kerso paring umur dowo.. Podo gatekno sing tenan yo nggér..!

Nggér cah bagos, urip neng ndonyo kui sejatine mung mampir ngombe. Sing jenenge wong mampir mesti bakal neroske laku. Dadi, ngombeo sak cukupmu terus jupuken gawenen sangu..!

Lelakuning urip menungso ora iso adoh seko sing jenenge pati, mulo kui, podo akeh-akehno leh'mu golek sangu nggo akheratmu. Kui omahmu sing sakbenere..

Putuku sing bagos dewe, pisan-pisan ojo nganti koe silap ambi padanging ndonyo.. Ngertenono yo Le, sejatine padanging ndonyo kui nyilapke alam pikirmu, ngrusak bebenermu, ngepyurke atimu..

Thole anakku, podho sekolaho sing dhuwur, dadio wong sing migunani, iso gawe senenge simbok bapakmu..!!

Anakku cah bagos, mbesuk nek Gusti Pangeran paring koe bondo sing luwih lan pangkat kang dhuwur, ojo lali asal usulmu yo Le.. Ojo dumeh wis dadi wong mulyo, terus koe lali..!!

Dadio wong sing jembar dodomu, resik atimu lan bening pikirmu.. Ojo pisan-pisan dadi menungso sing serakah nguber bondo, ojo pisan-pisan dadi menungso sing kedanan pangkat.. Delehno ndonyo cukup mung ono tanganmu, ojo mbo delehne neng atimu, mesthi koe dadi menungso sing linuwih ono ngarepe Gusti Allah lan menungso kabeh..

Putuku bocah bagos, saiki koe kabeh wis podo gede, simbok bapakmu wis ora kuat meneh nggendong koe. Mripatku yo wis ora bening meneh nyawang koe kabeh. Adoh opo cedak, sing jelas aku, simbok bapakmu mesti mulih disik marang Gusti.. Uripo sing bener yo anakku cah bagos..!

Uripo sing bener, ojo pisan-pisan nabrak angger-anggere Pangeran..mugo-mugo mulyo uripmu, tansah diparingi pangayomane Gusti Kang Makaryo Jagad...

....

Percikan mutiara hidup yang kusarikan dari petuah kakek, untk cucu-cucunya yang kini telah beranjak dewasa..

Semoga AlLah Swt. selalu melimpahkan rahmat dan kasih sayangnya untk kakek/nenekku yang kini semakin beranjak senja.. Amin..

Dan semoga AlLah memaafkan dan mengampuni dosa-dosaku yang telah sering mengabaikan nasehat-nasehat mereka, bahkan menabrak garis-garis Langit..

Terimakasih yaa Rabb, Kau telah menitipkan aku kedunia fana ini kepada orang yang berhati seluas langit..

Untk kakek/nenek'ku yang selalu aku cintai..

Comments :

0 comments to “Pituturing Urip Mbah Kakung”